Selasa, 08 September 2015

Polisine Ngawe-awe


Polisi Ngawe-Ngawe



Bar tuku montor anyar sawijining dina Daplun sing umaeh nang ndesa kepengin dolan maring kota. Bar adus Daplun mangkat meng kota.
Daplun numpak montor wis kaya pembalap liwat dalan sing mbelok-mbelok tur manjat mudun, maklum dalan ndesa.
Nang tengah ndalan deweke diadang nang tanggane sing kebeneran ya arep maring kota.
”Kang, inyong melu mbonceng meng kota ya ?” tanggane sing jenenge Kemplu njaluk melu mbonceng.
“Ya ngeneh njagong mburi,” Daplun semaur.
Mbarang kaya kuwe montore diunikna maning njut mlaku maning. Pas wis ana limang menitan montore mlaku ana sing ngawe-ngawe maning. Jebul sing ngawe-ngawe anu tanggane maning sing jenenge Dawir.
”Kang Daplun, inyong melu mboncenglah meng kota,” Dawir njaluk melu.
Ngerasa boncengan esih cukup nggo wong siji Daplun banjur ngolihna mbonceng.
“Ya ayuh, tapi ya sek-sekan montore cilik nggo tumpakan wong telu,” Daplun ngomong.
“Ora papa lah daripada mlaku, wis suwe banget ngadang angkudes ora liwat-liwat,” Dawir semaur.
Merga maring kota esih adoh Daplun banjur narik gase ngasikan pol. Montore digawa ngebut kaya pembalap, ngasikan kuwe wong telu sing siraeh ora padha nganggo helm rambutan dadi katon silir pisan.
Pas agi ngebut ana polisi ngawe-ngawe arep ngadang Daplun. Weruh kaya kuwe Dapolun malah katon jengkel malah nambah banter montore.
Weruh ana wong teluan ora nganggo helm ngebut banter pisan polisine banjur ngoyok.
Mbarang oyok-oyokan mandan suwe akhire montore Daplun kecendak njut montore polisine mlagrangi montore Daplun.
“Apa-apan sih pak, arep mateni inyong apa, ujug-ujug mlagrangi nang ngarep ndalan kaya kiye. Deleng nang mburine inyong sing mbonceng ya ana wong loro. Jajal angger miki tiba apa ora modar, pak polisi sih ora papa wong nganggo helm, lah inyong wong telu kiye mbok ora nganggo helm ya bisa modar nek tiba,” Daplun kesuh-keush karo polisine.
“Tapi mau kenangapa pas tek awe-awe kon minggir rika ora mandeg,” polisine takon.
“Wah, kiye polisi ngawur maning, Deleng nang mburine inyong mbok wis ana wong loro sing mbonceng, dadi ya wis penuh, masa kon mboncengna maning ya ora bisa lah wis kebek..!!” Daplun tmabha kesuh.
Krungu kaya kuwe polisine dadi mlongo, “oalah ngomong karo wong gemblung pancen angel,”(*)